blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Rabu, 30 Desember 2009

Gambuh

wulangreh (pupuh katiga, padha 5-10)


si kidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.

Minggu, 20 Desember 2009

Penanggalan ing Kabudayan Jawa

Jenenge Dina Jawa
// Cacahe dina jawa ana lima.


1. Pon (  Palguna )
2. Wage ( Cemengan, Kresna, Langking )
3. Kliwon  ( Kasih )
4. Legi ( Manis )
5. Paing ( Jenar )

Cathetan : Dina jawa diwiwiti sore udakara Magrib. Iki merga penanggalan jawa iku nganggo pathokan mbulan, sing dianggep metune wayah bengi. Dadi dina Jum'at Kliwon iku diwiwiti Kemis bengi ing penanggalan internasional sing sesuke Jum'at Kliwon. Marga saka iku ana sesebutan Malam Jum'at Kliwon, Malam Selasa Kliwon nganti tekan Malam Minggu sing tegese Setu bengi.



Selasa, 15 Desember 2009

Tetembungan saindenging Beras

Akehing tetembungan saindenging beras udakara ana
patang puluhan, nandhake yen wong jawa kuwi budayane
cedak banget karo beras utawa sega.
Sejene kuwi uga nandhakake yen wong Jawa kuwi "sugih"
ing tetembungan.


ani-ani
tani
pari
ngenèni
panèn
dami
damèn (dami+an)
landha (banyu landha)
gabah
gaga
sawah
ulu-ulu
beras
tutu

Jumat, 11 Desember 2009

Tembang Dolanan


Tembang dolanan kang ngemu surasa lan ngajak supaya bocah-bocah nduweni gegayuhan lan pangangen - angen kang dhuwur. Yen gegayuhan lan pangangene wis kasembadan aja lali marang sapa wae ing kiwa tengene. Nadyan wite rambutan lagi wolu godhonge nanging wis mbayangke yen mbesuke bakal ngrembuyung lan akeh wohe kang bakal dibage - bage marang wong - wong sakiwa tengene.

Senin, 07 Desember 2009

Taling + pasangan PA + Tarung







djk

Minggu, 06 Desember 2009

Kawicaksanan

Nasihat saka mas Harmiel



kawicaksanan kuwi tansah nyedhaki kabecikan, nanging ora gelem rumaket.
kawicaksanan kuwi tansah ngadohi kadurjanan,nanging ora gelem nggethingi.
kawicaksanan kuwi meruhi bedane becik lan alaning tumindak,
lan ngerti banget yen tumindak ala kuwi ora diresepi liyan.
 



kasulih-basakaken saking statusipun pak hudoyo hupudio,
pethikan saking wejanganipun sayadaw u tejaniya).





djk

Sabtu, 05 Desember 2009

Urun rembug sithik : ngenani Ngoko lan Krama

Atur Pambuka :

Cathetan sapala iki mung nglumpukake apa sing wis tau diwulangake utamane dening rama-ibuku nalika isih bocah,  wektu ing pasinaon basa-jawa nalika sinau ing sekolah-dasar lan sekolah-menengah-pertama. Mesthi wae aku uga nampa piwulangan sing paling efektip, yaiku saka masyarakat - nalika migunakake basa-jawa.  Tambahan pasinaon uga saka buku-buku, layang kabar lan kalawarti (majalah) basa-jawa / kabudayan jawa sing dak waca. Dadi cathetan iki ora sistimatik lan pancen ora nduwe bobot akademik babar pisan, marga aku pancen ora tau ngerti piwulangan ngelmu basa-jawa formal. Nuwun sewu yen ana sisip-sembire lan sing ora pas.


Pangkur

Iki salah sawijinging tembang macapat Pangkur kang titilarase wis diganti nganggo not angka ( solmisasi). Mestine ya ora pas banget, nanging kena kanggo pasinaon kang kepengin latihan nembang jawa ( macapat ) nanging ora bisa maca titilaras ( tangga nada jawa ). Bisa dimainke nganggo alat musik moderen. Klik nggon partiture kanggo nggedhekke





Jumat, 04 Desember 2009

Kawruh Sepålå - Têmbung Camboran

Têmbung Camboran

Têmbung Camboran yåkuwi têmbung loro utåwå luwih kang dicêkak dadi siji kanti njupuk pérangané wandå ånå ing sabên têmbung lan ora ngowahi têgêsé têmbung utåwå ukårå kang dicêkak

Tulådhå Têmbung Camboran

bangcúk : abang + pucúk
bangjo : abang + ijo
barbèh : bubar + kabèh
barji : bubar + siji
budhe : ibu + gêdhé
bulík : ibu + cilík

Kamis, 03 Desember 2009

Jinising Tembung

1.Tembung Aran (kata benda)
    y.i: pangan, watu, meja, Supraba
2. Tembung Kriya (kata kerja)
    y.i: mangan, turua.
        a. Kriya Tandhuk (kata kerja aktif)
            y.i: mangan, turu
        b. Kriya Tanggap (kata kerja pasif)
            y.i: dipangan, kethuthuk
3. Tembung Ganti (kata ganti)
    y.i: dheweke, kowe
4. Tembung Wilangan (kata bilangan)
    y.i: siji, loro, lst
5. Tembung Sipat (kata sifat)
    y.i: abang, kaku, lst
6. Tembung Katrangan (kata keterangan)
    y.i: patiya, nemen, banget
7. Tembung Panguwuh (kata seru)
    y.i: aja, ayo
8. Tembung Sandhangan (kata sandang)
    y.i: sang, si
9. Tembung Panyambung (kata sambung)
    y.i: karo, dene, yen
10. Tembung Pangarep (kata depan)
    y.i: neng, saka


(tuntunan saking mas Phoenk Jamandho, mas Harmiel M. Soekardjo)



djk

Rabu, 02 Desember 2009

Lambe setumang kari semerang


Sak tumang kuwi kanggo nggambarake barang sing kandhel.
Ning aku ya ora persis ngerti apa kuwi tumang.
Lambe setumang kari semerang tegese: Saka kandhel nganti tipis, 

olehe ngandhani nganti entek-entekan (nganti lambene tipis) meksa ora digugu.




djk


tembang ngeneng-eneng bocah nangis


tak lela-lela lela ledhung
cup menenga anakku sing ayu
yen nangis ndhak ilang ayune




djk