blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Minggu, 11 April 2010

nggondhel jawaku

jangan glandir iwak kebo bececeran
gula klapa sega jagung teri lan tempe
jaman ngedir jago tekno kapinteran
basa jawa aja amung kari tipake

papan lendhut rada garing kaya jenang
baris dawa nemu kecik cerak bebaya
jaman rambut dicet kuning semu abang
wasis manca dudu lantip nilep budaya


dening Parahestri P
rikala sore kurang gawe

Senin, 08 Maret 2010

Kenapa tinulis "basa jawa, apa, ana"?
Kok dudu 'boso jowo, opo, ono'?


Conto-conto kajupuk saka tembung kang asring kanggo
supaya bisa kangge nyocogake (saking FB grup kawruh jawa)


kersakersaning Gusti kerso
dawamejaku isa didawakne dowo
clanaku kedawan
padhaakeh sing madhani klambiku podho
apakowe dikapakake? opo
budayakabudayan budoyo
raharjakaraharjan raharjo
anakahanane, anane mung semene ono
anane mung semene
rasakrasan, rerasan, dirasani roso
basabebasan ula marani gepuk boso
jawaaku ora ngeri jawane jowo
bebayakebayan beboyo
kancakekancan konco
wedanakawedanan wedono
pirapirang-pirang dina, pirang ewu regane? piro
laraaku bengok-bengok kelaran loro
mata(misuh) matamu moto
pendhapapendhapa iku saka tembung mandhapa pendhopo
mara/paraadime teka, mara paranana moro/poro
saka/sangkasangkan paraning dumadi soko/songko
limaregane limang ewu limo
sangayeng sangan atus ora oleh songo
malimamain, mabuk, main, maling, madon molimo
tataomah iki tatanane piye ta? toto
rosangetog karosan roso
dayatut wuri handayani doyo
 
 
sik/dhisikaku didhisiki kancaku sek
sisihiki sisihanku siseh
mampiraku ampirana mamper
sampirsampirane pedhot samper
grimisaku ngelu kegrimisan grimes
sikilsikilan kursi sikel
aripmau esuk aku karipan arep
pikirpakirane tansah wening piker
mulihmulihe liwat endi? muleh
aling-alingomahku kalingan wit gedhe aleng-aleng
elingkelingan pacarku eleng
 
 
durungsak durunge durong
surungsurungen sing rosa surong
kumpulkumpulan kumpol
klumpukmasku tansah kuplukan klumpok
undur/mundurmontorku kunduran truk undor/mundor
ambungambune apa?, coba ambungen ambong
mungsuhaku ora mungsuhan mungsoh
susukweteng suduken susok
mabukaja mabuk-mabukan mabok
umurumur-umurane pira? umor





djk

Senin, 01 Maret 2010

Cempa rowa (Lagu Dolanan>

dipun kintun dening mas Djoko Sulistiyo

Cempa rowa
Pakananmu apa rowa
Tuku gendhing ndhing ndhing ndhing
Rowang rawing wing wing wing
Bong kecebong jarane jaran bopong
Sing nunggangi Semar Bagong
Ecrek-enong ecrek-egung
Ecrek-enong ecrek-egung





Jinising Tembung

Kaanggit dening mbakyu Parahestri Probosini


Ing benten suraos, germo sajak nyemburaken sawijining
pendamelan bureng ingkang asring dipun lirik pedhes kaliyan umumipun tiyang.
Nanging, ing babagan nyinau kawruh basa jawi, kula panci nyeja ngginakaken
tembung 'GERMO' minangka paraban endah kagem 'GEguRitan MOderen'.
Nuwun sewu, germo ingkang kula beta menika inggih geguritan ingkang
kula uleni piyambak, radi mbeling, lan boten anggadhahi cepengan ing
suku kiwa saha tengenipun..

Ing kalodhangan menika, kanthi semrinthiling raos ngglithis,
kula nyobi nguleni saksetunggaling germo minangka pangemut-emut
kagem nyinaoni jinisipun tembung..



buku kuwi ngarani tembung
jaran kuwi ngarani tembung

Jumat, 19 Februari 2010

Rem

Malem setu aku wurung sinau
Mripatku nancep kaku ing sepedhane atmajaku
Sepedha kuwi pancen ora nana sing lucu
Yen takwasake maneh uga ora nana sing tatu
Nanging ana saperangan awak kang gawe meri atiku
Sepedha kuwi duwe rem kanggo ngrampungi laku
Tunggal pitakonan nyenul ing sajroning kalbu
Kenengapa ora nana rem kang tumemplek ing cangkemku
Rem cangkem bisa mampetake wicara kang nora perlu
Bisa nyetop watuk amarga kegebyur virus flu
Lan sing wigati... bisa ngerem anggonku ngentekake sakpiring tahu
Aku wegah bobotku mundhak saben minggu..


Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 19 Februari 2010)

Njawa-surinameni

Lagi bingung arep nulis apa ning KJ, ujug-ujug mak pethungul, kancaku aran Soely Toredjo saka Suriname ngajak celathu..
"Hey, kepije kabareh?"
"Apik mbarang"
"Hestri kapan dolan nang ngoku?"
"Na kepengen nang suriname yo toeroe nang gone maku, ora nang hotel"
"Mahku omahe gehdi"
"Ndjangan opo Hestri?"
"Hestri ngerti berkat?"...
"Aku seneng karo berkat"


Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 18 Februari 2010)

Luwe

Iki dudu wayah jangkrik nyetel uni
Iki dudu wanci konang nyorot wengi
Iki dudu papan cedhak mbelik
Iki dudu pinggiran kalen cilik
Iki dudu swara ngalam supena
Iki dudu rungon njaba raga
Iki swara krucuk-krucuk wetengku
Iki wayah tangan sedheku
Iki wanci ngadhep piring isi tahu..

Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 16 Februari 2010)

Malem Rebo


Malem rebo,
ngancik wayahing ngaso,
nyelehake awak kang diplekotho,
mingserake ati nglokro,
menerake otot urat balung sing loyo ...
Malem rebo,
ngancik wayahing ngaso,
ngabotake weteng nganggo bakso iso,
nyegerake padharan nganggo soto kebo,
nelesi gulu ngombe es mambo ...
Malem rebo,
nyisil kwaci entek rong tompo,
durung arep nggodhog kacang rong bago ...
Malem rebo,
bobotku mundhak telung kilo....

Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 15 Februari 2010)

Pasemon


kaserat dening mas Sura Gentho
Mrica kecut singgat toya

       sak uni-uniné wong ayu kuwi tansah nggregetaké ati
       mrica kecut = wuni
       singgat toya = uget uget



djk

Minggu, 24 Januari 2010

SINAU BASA JAWA

Bp. Herry Djoko Susilo


Tanggal kaping 24 Januari 2010, 8 Sapar 1943 Dal

1. bojo > semah, estri > garwa

conto

a. Calon bojomu kuwi bocah ngendi tho ndhuk?
b. Calon semah kula punika saking Klaten mBah.
c. Garwanipun putra panjenengan ingkang mbajeng punika mila ayu.

Katrangan : kadhangkala wonten ugi ingkang ngangge : sisihan, “kanca wingking”
(ingkang kirang sae tumrapipun para wanita, “issue gender”)


PASEMON UPACARA KROBONGAN

1.Upacara Timbangan

Temanten kakung lenggah ing pangkon sisih tengen keng Ramanipun temanten,

dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa. 
Wondene Ibunipun temanten lenggah ing sangajengipun temanten sarimbit. 
Salajengipun Rama lan Ibu sami pangandikan: