blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Jumat, 19 Februari 2010

Rem

Malem setu aku wurung sinau
Mripatku nancep kaku ing sepedhane atmajaku
Sepedha kuwi pancen ora nana sing lucu
Yen takwasake maneh uga ora nana sing tatu
Nanging ana saperangan awak kang gawe meri atiku
Sepedha kuwi duwe rem kanggo ngrampungi laku
Tunggal pitakonan nyenul ing sajroning kalbu
Kenengapa ora nana rem kang tumemplek ing cangkemku
Rem cangkem bisa mampetake wicara kang nora perlu
Bisa nyetop watuk amarga kegebyur virus flu
Lan sing wigati... bisa ngerem anggonku ngentekake sakpiring tahu
Aku wegah bobotku mundhak saben minggu..


Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 19 Februari 2010)

Njawa-surinameni

Lagi bingung arep nulis apa ning KJ, ujug-ujug mak pethungul, kancaku aran Soely Toredjo saka Suriname ngajak celathu..
"Hey, kepije kabareh?"
"Apik mbarang"
"Hestri kapan dolan nang ngoku?"
"Na kepengen nang suriname yo toeroe nang gone maku, ora nang hotel"
"Mahku omahe gehdi"
"Ndjangan opo Hestri?"
"Hestri ngerti berkat?"...
"Aku seneng karo berkat"


Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 18 Februari 2010)

Luwe

Iki dudu wayah jangkrik nyetel uni
Iki dudu wanci konang nyorot wengi
Iki dudu papan cedhak mbelik
Iki dudu pinggiran kalen cilik
Iki dudu swara ngalam supena
Iki dudu rungon njaba raga
Iki swara krucuk-krucuk wetengku
Iki wayah tangan sedheku
Iki wanci ngadhep piring isi tahu..

Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 16 Februari 2010)

Malem Rebo


Malem rebo,
ngancik wayahing ngaso,
nyelehake awak kang diplekotho,
mingserake ati nglokro,
menerake otot urat balung sing loyo ...
Malem rebo,
ngancik wayahing ngaso,
ngabotake weteng nganggo bakso iso,
nyegerake padharan nganggo soto kebo,
nelesi gulu ngombe es mambo ...
Malem rebo,
nyisil kwaci entek rong tompo,
durung arep nggodhog kacang rong bago ...
Malem rebo,
bobotku mundhak telung kilo....

Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 15 Februari 2010)

Pasemon


kaserat dening mas Sura Gentho
Mrica kecut singgat toya

       sak uni-uniné wong ayu kuwi tansah nggregetaké ati
       mrica kecut = wuni
       singgat toya = uget uget



djk