Jumat, 30 Oktober 2009

Kinanthi

(wulangreh, pupuh 2 kinanthi)


Mulané wong anom iku,
bêcik ingkang tabêri,
jêjagongan lan wong tuwa,
ingkang sugih kojah ugi,
kojah iku warnå-warnå,
ånå ålå lan bêcik.

Ingkang bêcik kojah iku,
sirå anggawå kang pasti,
ingkang ålå singgahnå,
åjå sirå anglakoni,
lan den-awas wong akojah,
iyå ing måså puniki.



(matur nuwun dumateng den mas Harmiel M. Soekardjo)

1 komentar:

  1. Wis,manteb tenan ... jaaan nnersomachen tenan ...!
    Sing nduwe nnersomachen kok durung mecungul ?

    BalasHapus

Mangga paring komentar :