Kok dudu 'boso jowo, opo, ono'?
Conto-conto kajupuk saka tembung kang asring kanggo
supaya bisa kangge nyocogake (saking FB grup kawruh jawa)
| kersa | kersaning Gusti | kerso |
| dawa | mejaku isa didawakne | dowo |
| clanaku kedawan | ||
| padha | akeh sing madhani klambiku | podho |
| apa | kowe dikapakake? | opo |
| budaya | kabudayan | budoyo |
| raharja | karaharjan | raharjo |
| ana | kahanane, anane mung semene | ono |
| anane mung semene | ||
| rasa | krasan, rerasan, dirasani | roso |
| basa | bebasan ula marani gepuk | boso |
| jawa | aku ora ngeri jawane | jowo |
| bebaya | kebayan | beboyo |
| kanca | kekancan | konco |
| wedana | kawedanan | wedono |
| pira | pirang-pirang dina, pirang ewu regane? | piro |
| lara | aku bengok-bengok kelaran | loro |
| mata | (misuh) matamu | moto |
| pendhapa | pendhapa iku saka tembung mandhapa | pendhopo |
| mara/para | adime teka, mara paranana | moro/poro |
| saka/sangka | sangkan paraning dumadi | soko/songko |
| lima | regane limang ewu | limo |
| sanga | yeng sangan atus ora oleh | songo |
| malima | main, mabuk, main, maling, madon | molimo |
| tata | omah iki tatanane piye ta? | toto |
| rosa | ngetog karosan | roso |
| daya | tut wuri handayani | doyo |
| sik/dhisik | aku didhisiki kancaku | sek |
| sisih | iki sisihanku | siseh |
| mampir | aku ampirana | mamper |
| sampir | sampirane pedhot | samper |
| grimis | aku ngelu kegrimisan | grimes |
| sikil | sikilan kursi | sikel |
| arip | mau esuk aku karipan | arep |
| pikir | pakirane tansah wening | piker |
| mulih | mulihe liwat endi? | muleh |
| aling-aling | omahku kalingan wit gedhe | aleng-aleng |
| eling | kelingan pacarku | eleng |
| durung | sak durunge | durong |
| surung | surungen sing rosa | surong |
| kumpul | kumpulan | kumpol |
| klumpuk | masku tansah kuplukan | klumpok |
| undur/mundur | montorku kunduran truk | undor/mundor |
| ambung | ambune apa?, coba ambungen | ambong |
| mungsuh | aku ora mungsuhan | mungsoh |
| susuk | weteng suduken | susok |
| mabuk | aja mabuk-mabukan | mabok |
| umur | umur-umurane pira? | umor |
djk