blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Senin, 01 Maret 2010

Jinising Tembung

Kaanggit dening mbakyu Parahestri Probosini


Ing benten suraos, germo sajak nyemburaken sawijining
pendamelan bureng ingkang asring dipun lirik pedhes kaliyan umumipun tiyang.
Nanging, ing babagan nyinau kawruh basa jawi, kula panci nyeja ngginakaken
tembung 'GERMO' minangka paraban endah kagem 'GEguRitan MOderen'.
Nuwun sewu, germo ingkang kula beta menika inggih geguritan ingkang
kula uleni piyambak, radi mbeling, lan boten anggadhahi cepengan ing
suku kiwa saha tengenipun..

Ing kalodhangan menika, kanthi semrinthiling raos ngglithis,
kula nyobi nguleni saksetunggaling germo minangka pangemut-emut
kagem nyinaoni jinisipun tembung..



buku kuwi ngarani tembung
jaran kuwi ngarani tembung


mangan kuwi ngriyani jangan bung
adus kuwi ngriyani wedhung

kowe kuwi kudu ngganteni karung
aku kuwi ngganteni sarung

siji kuwi wilangan agung

ala kuwi kahanan wurung

ngisor lemah kuwi nerangake woh pohung
ndhuwur kuwi nerangake ruyung

adhuh kuwi nyeru kesandhung

sang hyang kuwi nyandhang kathok sarung
sang hyang kuwi golek sandhangan laru...ng

mulane kuwi aja angger nyambung

saka ngarep kuwi uluk kanggo biyung


Dene suraosipun:

- buku/jaran = tembung aran (kata benda)

- mangan/adus = tembung kriya (kata kerja)

- kowe/aku = tembung ganti (kata ganti)

- siji = tembung wilangan (kata bilangan)

- ala = tembung kahanan/sipat (kata sifat)

- ngisor/ndhuwur = tembung katrangan (kata keterangan)

- adhuh = tembung seru (kata seru)

- sang, hyang = tembung sandhangan (kata sandang)

- mulane = tembung panyambung (kata sambung)

- saka = tembung pangarep (kata depan)




(Mbok menawi wonten klenta-klentunipun, mbok bilih nyenul blera-bleronipun,
katur bapa ibu para winasis, nyumanggakaken angrangkul germo kula kanthi trep..)




Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :