blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Selasa, 16 Juni 2015

Tahun Jawa

Wong Jawa kuwi nduweni siklus 8 tahunan kang diarani windu. Sa-windu ana 8 tahun. Saben tahun nduweni aran utawa jenenge dhewe-dhewe ya iku Alip, Ehe, Jimawal, Je, Dal, Be, Wawu lan Jimakir. Lan saben tahun kuwi netepi wilangan dina kang ajeg.  Sak liyane kuwi saben – saben tahun netepi dinane dhewe-dhewe.  Mula kuwi wong awam asring nyebut “mapag tanggal” yen lagi tanggal 1 Suro. Saben – saben tahun nduweni dina lan pasaran kang ajeg ana ing tanggal 1 Suro-ne. Tuladha : saben  tanggal 1 Suro ana ing  tahun Alip, mesthi tiba ana ing dina Rebo Wage. Mula kuwi tahun Alip sok sinebut uga tahun Rebo Wage. Ngisor iki urutane tahun lan dina-pasaran ing tanggal 1 Suro-ne.


Arane Tahun
Dina kang netepi tanggal
Alip
Rebo Wage
Ehe
Minggu Pon
Jimawal
Jumuwah Pon
Je
Selasa Pahing
Dal
Sabtu Legi
Be
Kamis Legi
Wawu
Senin Kliwon
Jimakir
Jumuwah Wage

 Marga tahun Alip kuwi sinebut uga tahun Rebo Wage, mula petung tahun Jawa sok diarani petung tahun Aboge kang minangka tembung garba saka Alip Rebo Wage, kang minangka uga tahun pisanan ana ing petungan sa-windu.
Iki mau kawruh sapala, yen ana kurang lan klerune mangga dak aturi paring panyaruwe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :