blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Minggu, 24 Januari 2010

PASEMON UPACARA KROBONGAN

1.Upacara Timbangan

Temanten kakung lenggah ing pangkon sisih tengen keng Ramanipun temanten,

dene temanten putri lenggah ing pangkon sisih kiwa. 
Wondene Ibunipun temanten lenggah ing sangajengipun temanten sarimbit. 
Salajengipun Rama lan Ibu sami pangandikan:
 


     Ibu : Bapakne, priye bobote anakmu sakeloron, apa ya wis timbang.
     Rama : Ibune, miturut pangarsaku kaya wis ora ana kaceke, tegese padha abote.


 

Pasemonipun: mujudaken pepenget dhumateng tiyang sepuhipun tementen,
supados boten kadunungan raos emban cindhe emban siladan utawi 
mbedak-mbedakaken ing antawisipun putra lan putra mantu,
sadaya sampun karengkuh putra piyambak.

2. Kacar Kucur

Temanten kakung nyuntak kampil sampun kacawisaken,

isi arta receh/krincing mawi dipun campuri uwos lan kaetan,
ing pangkonipun temanten puutri,mawi dipun tadhahi tilam lampus(klasa bangka).
Pasemonipun mujudaken cuwilaning gegambaran ingkang jejeripun guru laki punika,

kedah rumaos anggadhahi wajib masrahaken asil guna kayanipun dhumateng rabinipun 
(garwanipun),lan rabinipun kedah saged nyekapaken ing reh sadaya kabetahaning bele wisma.

 




Tinon wus paripurna upacara panggih, satuhu trep pindha curiga panggih kaliyan warangka.
Bebasan getih ora tetes, daging rong tempel, balung rong ceklek, mangkya wustmanunggal ing karep, 
nunggal sedya, nunggal tekad, nungal ati, nunggal raga, nunggal jiwa.
Paraning sedya ninggal alam jejaka miwah kenya, saperlu 
sesarengan lelayaran ing samodraning gesang, hangayahi darmaning kodrat. 
Jejering gesang kedah jejodhohan minangka sarana nangkaraken wiji kinarya lestarining tumuwuh.


Matur nuwun dumateng mas Bagaspati Kembang Joyo kaliyan mas Suroso Gento

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :