blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Minggu, 24 Januari 2010

SINAU BASA JAWA

Bp. Herry Djoko Susilo


Tanggal kaping 24 Januari 2010, 8 Sapar 1943 Dal

1. bojo > semah, estri > garwa

conto

a. Calon bojomu kuwi bocah ngendi tho ndhuk?
b. Calon semah kula punika saking Klaten mBah.
c. Garwanipun putra panjenengan ingkang mbajeng punika mila ayu.

Katrangan : kadhangkala wonten ugi ingkang ngangge : sisihan, “kanca wingking”
(ingkang kirang sae tumrapipun para wanita, “issue gender”)




2. mati > pejah, tilar donya > seda

conto

a. Mesakake temen, maling sing kecekel mau bengi kae digebugi wong sak-desa
nganti mati.
b. Kanca kula tilar donya sak-sampunipun sakit dangu sanget.
c. Rikala seda, mBah Kakung yuswanipun satus taun kirang gangsal wulan.


Tanggal 23 Januari 2010, 7 Sapar 1943 Dal

1. Anak > anak, yoga > putra

conto

a. Anakmu sing paling gedhe kae saiki kuliah nang endi?
b. Yoga (anak) kula tiga, jaler sedaya
c. Putra panjenengan ingkang alit sakpunika sekolah wonten pundi?

2. bali > mantuk, wangsul > kondur

conto

a. Kapan anggonmu arep bali Yogya le?
b. Kula wangsul/mantuk Yogya mbenjang Rebo ngajeng punika paklik.
c. Bapak ibu nembe kemawon kondur saking kondangan

Tanggal 22 Januari 2010, 6 Sapar 1943 Dal

1. arep > badhe > badhe

conto

a. Kowe arep lunga menyang endi? (arep = "akan")
b. Kula badhe kesah dateng peken.
c. Ibu badhe tindak dateng Solo.

2. arep > purun > kersa

conto

a. Kowe arep iki apa ora? (arep = gelem)
b. Yen panjenengan nd...hawuhi nyambut damel, kula inggih purun kemawon
c. Punapa ibu kersa ngunjuk kopi?


Tanggal 21 Januari 2010, 5 Sapar 1943 Dal

1. omah > griya > dalem

conto

a. Omahmu ki ngendi koq yahmene lagi teka?
b. Griya kula sakpunika wonten Bogor, yen dalemipun ibu wonten Ngayogya.
c. Punapa dalem panjenengan ingkang cetipun pethak punika?

2. awak > badan > salira, sarira

conto

a. Awak-ku lara kabeh sakwise melu kerja bakti wingi.
b. Kula badhe dateng Puskesmas rumiyin, badan kula radi mboten sekeca.
c. Sanadyan sampun yuswa 75 taun, saliranipun simbah taksih ketingal seger.


kaanggit dening Bp. Herry Djoko Susilo




djk

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :