blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Jumat, 19 Februari 2010

Rem

Malem setu aku wurung sinau
Mripatku nancep kaku ing sepedhane atmajaku
Sepedha kuwi pancen ora nana sing lucu
Yen takwasake maneh uga ora nana sing tatu
Nanging ana saperangan awak kang gawe meri atiku
Sepedha kuwi duwe rem kanggo ngrampungi laku
Tunggal pitakonan nyenul ing sajroning kalbu
Kenengapa ora nana rem kang tumemplek ing cangkemku
Rem cangkem bisa mampetake wicara kang nora perlu
Bisa nyetop watuk amarga kegebyur virus flu
Lan sing wigati... bisa ngerem anggonku ngentekake sakpiring tahu
Aku wegah bobotku mundhak saben minggu..


Dening Parahestri P.
(Kapacak ing FB Kawruh Jawa 19 Februari 2010)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :