wulangreh (pupuh katiga, padha 5-10)
si kidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.
blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.
Rabu, 30 Desember 2009
Minggu, 20 Desember 2009
Penanggalan ing Kabudayan Jawa
Jenenge Dina Jawa
// Cacahe dina jawa ana lima.
1. Pon ( Palguna )
2. Wage ( Cemengan, Kresna, Langking )
3. Kliwon ( Kasih )
4. Legi ( Manis )
5. Paing ( Jenar )
Cathetan : Dina jawa diwiwiti sore udakara Magrib. Iki merga penanggalan jawa iku nganggo pathokan mbulan, sing dianggep metune wayah bengi. Dadi dina Jum'at Kliwon iku diwiwiti Kemis bengi ing penanggalan internasional sing sesuke Jum'at Kliwon. Marga saka iku ana sesebutan Malam Jum'at Kliwon, Malam Selasa Kliwon nganti tekan Malam Minggu sing tegese Setu bengi.

Selasa, 15 Desember 2009
Tetembungan saindenging Beras
Akehing tetembungan saindenging beras udakara ana
patang puluhan, nandhake yen wong jawa kuwi budayane
cedak banget karo beras utawa sega.
Sejene kuwi uga nandhakake yen wong Jawa kuwi "sugih"
ing tetembungan.
ani-ani
tani
pari
ngenèni
panèn
dami
damèn (dami+an)
landha (banyu landha)
gabah
gaga
sawah
ulu-ulu
beras
tutu

Jumat, 11 Desember 2009
Tembang Dolanan
Tembang dolanan kang ngemu surasa lan ngajak supaya bocah-bocah nduweni gegayuhan lan pangangen - angen kang dhuwur. Yen gegayuhan lan pangangene wis kasembadan aja lali marang sapa wae ing kiwa tengene. Nadyan wite rambutan lagi wolu godhonge nanging wis mbayangke yen mbesuke bakal ngrembuyung lan akeh wohe kang bakal dibage - bage marang wong - wong sakiwa tengene.
Senin, 07 Desember 2009
Minggu, 06 Desember 2009
Kawicaksanan
Nasihat saka mas Harmiel
kawicaksanan kuwi tansah nyedhaki kabecikan, nanging ora gelem rumaket.
kawicaksanan kuwi tansah ngadohi kadurjanan,nanging ora gelem nggethingi.
kawicaksanan kuwi meruhi bedane becik lan alaning tumindak,
lan ngerti banget yen tumindak ala kuwi ora diresepi liyan.
kasulih-basakaken saking statusipun pak hudoyo hupudio,
pethikan saking wejanganipun sayadaw u tejaniya).
djk

Sabtu, 05 Desember 2009
Urun rembug sithik : ngenani Ngoko lan Krama
Atur Pambuka :
Cathetan sapala iki mung nglumpukake apa sing wis tau diwulangake utamane dening rama-ibuku nalika isih bocah, wektu ing pasinaon basa-jawa nalika sinau ing sekolah-dasar lan sekolah-menengah-pertama. Mesthi wae aku uga nampa piwulangan sing paling efektip, yaiku saka masyarakat - nalika migunakake basa-jawa. Tambahan pasinaon uga saka buku-buku, layang kabar lan kalawarti (majalah) basa-jawa / kabudayan jawa sing dak waca. Dadi cathetan iki ora sistimatik lan pancen ora nduwe bobot akademik babar pisan, marga aku pancen ora tau ngerti piwulangan ngelmu basa-jawa formal. Nuwun sewu yen ana sisip-sembire lan sing ora pas.
Label:
antya basa,
dokumentasi,
kamus,
krama,
krama dialektik,
krama inggil,
krama madya,
krama ndesa,
kualitatip,
ngoko,
subyektif
Pangkur
Iki salah sawijinging tembang macapat Pangkur kang titilarase wis diganti nganggo not angka ( solmisasi). Mestine ya ora pas banget, nanging kena kanggo pasinaon kang kepengin latihan nembang jawa ( macapat ) nanging ora bisa maca titilaras ( tangga nada jawa ). Bisa dimainke nganggo alat musik moderen. Klik nggon partiture kanggo nggedhekke

Jumat, 04 Desember 2009
Kawruh Sepålå - Têmbung Camboran
Têmbung Camboran
Têmbung Camboran yåkuwi têmbung loro utåwå luwih kang dicêkak dadi siji kanti njupuk pérangané wandå ånå ing sabên têmbung lan ora ngowahi têgêsé têmbung utåwå ukårå kang dicêkak
Tulådhå Têmbung Camboran
bangcúk : abang + pucúk
bangjo : abang + ijo
barbèh : bubar + kabèh
barji : bubar + siji
budhe : ibu + gêdhé
bulík : ibu + cilík

Kamis, 03 Desember 2009
Jinising Tembung
1.Tembung Aran (kata benda)
y.i: pangan, watu, meja, Supraba
2. Tembung Kriya (kata kerja)
y.i: mangan, turua.
a. Kriya Tandhuk (kata kerja aktif)
y.i: mangan, turu
b. Kriya Tanggap (kata kerja pasif)
y.i: dipangan, kethuthuk
3. Tembung Ganti (kata ganti)
y.i: dheweke, kowe
4. Tembung Wilangan (kata bilangan)
y.i: siji, loro, lst
5. Tembung Sipat (kata sifat)
y.i: abang, kaku, lst
6. Tembung Katrangan (kata keterangan)
y.i: patiya, nemen, banget
7. Tembung Panguwuh (kata seru)
y.i: aja, ayo
8. Tembung Sandhangan (kata sandang)
y.i: sang, si
9. Tembung Panyambung (kata sambung)
y.i: karo, dene, yen
10. Tembung Pangarep (kata depan)
y.i: neng, saka
(tuntunan saking mas Phoenk Jamandho, mas Harmiel M. Soekardjo)

Rabu, 02 Desember 2009
Lambe setumang kari semerang
Sak tumang kuwi kanggo nggambarake barang sing kandhel.
Ning aku ya ora persis ngerti apa kuwi tumang.
Lambe setumang kari semerang tegese: Saka kandhel nganti tipis,
olehe ngandhani nganti entek-entekan (nganti lambene tipis) meksa ora digugu.
djk
tembang ngeneng-eneng bocah nangis
tak lela-lela lela ledhung
cup menenga anakku sing ayu
yen nangis ndhak ilang ayune
djk
Langganan:
Postingan (Atom)