blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Selasa, 15 Desember 2009

Tetembungan saindenging Beras

Akehing tetembungan saindenging beras udakara ana
patang puluhan, nandhake yen wong jawa kuwi budayane
cedak banget karo beras utawa sega.
Sejene kuwi uga nandhakake yen wong Jawa kuwi "sugih"
ing tetembungan.


ani-ani
tani
pari
ngenèni
panèn
dami
damèn (dami+an)
landha (banyu landha)
gabah
gaga
sawah
ulu-ulu
beras
tutu

tuton (tutu+an)
alu
lesung
tumbu
tapi
tapeni (tapi+i)
pusus
pususi
leri
menir
karu
ngaron
tapung
wantu
kendil
sarang
soblukan, sublukan
dandang
adang
taneg
culik
pulen
punel
pera
akas
cething
tompo
enthong
engi, ngi
las
derep
ayar
ayaran
uli
ulen
sosoh
bunul
dhedhak
katul
kukusan
tampah
wakul
liwet
kekel
tim
golong
lumbung
cempa
babar
karag
intip
rengginang
gabug
kekel





djk

3 komentar:

Phoellzt mengatakan...

kula tambahi sekedhik mas..
alu, ayar/ayaran, uli/ulen, pulen, sosoh, bunul, dhedhak, katul, ngaron, kukusan, tampah, wakul, liwet,

nnersomachen mengatakan...

rumangsaku 40-an tibane wis nganti 61 mas!

Oom Yon mengatakan...

intip kok ora ana ? mangka saiki dadi industri gedhe ing kutha-kutha kayata madiun, sala, yoja, banymas.

Posting Komentar

Mangga paring komentar :