blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Jumat, 04 Desember 2009

Kawruh Sepålå - Têmbung Camboran

Têmbung Camboran

Têmbung Camboran yåkuwi têmbung loro utåwå luwih kang dicêkak dadi siji kanti njupuk pérangané wandå ånå ing sabên têmbung lan ora ngowahi têgêsé têmbung utåwå ukårå kang dicêkak

Tulådhå Têmbung Camboran

bangcúk : abang + pucúk
bangjo : abang + ijo
barbèh : bubar + kabèh
barji : bubar + siji
budhe : ibu + gêdhé
bulík : ibu + cilík

burcangjo : bubur + kacang + ijo
cówèk : kóncó + dhèwèk
déwa : gèdhé + dåwå
dhakling : pêndhak + éling
dhégus : gêdhé + bagús
dhèkmu : êndhèk + lêmu
dhèkwur : êndhèk + dhuwúr
dhêlik : gêdhé + cilík
dhêmês : gêdhé + lêmês
dhêmênnyar : dhêmên + anyar
gitu : nyunggi + watu
gowèk : tónggó + dhèwèk
jiro : siji + loro
jitús : siji + satús
kakkóng : tungkak + bókóng
kongè l : bókóng + cêngêl
kosík : mêngko + dhisík
kótcúk : bóngkót + pucúk
kwèlêm : kwèni + pêlêm
lêsperinggo : têlês + dipé + garing + diênggo
linak : lali + anak
lijo : lali + bojo
linggå : lali + tånggå
licå : lali + kåncå
lúnglít : balúng + kulít
mahrêp : mlumah + mêngkurêp
naktu : anak + putu
pakdhé : bapak + gêdhé
paklík : bapak + cilík
pakpúh : bapak + sêpúh
pangpèl : êpang + sêmpèl
peknggo : ngepek + tånggå
pèrko : èmpèr + toko
putjinèngji : luput + siji + kênèng + siji
sirtu : pasir + watu
tahtêng : mêntah + matêng
tèktíng : êntèk + nglintíng
tíngwé : nglintíng + dhéwé
thúkmís : bathúk + klimís
tutik : mêtu + titík
wandhak : dåwå + cêndhak
wulu : sèwu + lu

Cathêtan : Kang pèrlu digatèkaké , Têmbung Camboran bédå karo Kéråtå Båså, åjå nganti klèru..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :