blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Minggu, 20 Desember 2009

Penanggalan ing Kabudayan Jawa

Jenenge Dina Jawa
// Cacahe dina jawa ana lima.


1. Pon (  Palguna )
2. Wage ( Cemengan, Kresna, Langking )
3. Kliwon  ( Kasih )
4. Legi ( Manis )
5. Paing ( Jenar )

Cathetan : Dina jawa diwiwiti sore udakara Magrib. Iki merga penanggalan jawa iku nganggo pathokan mbulan, sing dianggep metune wayah bengi. Dadi dina Jum'at Kliwon iku diwiwiti Kemis bengi ing penanggalan internasional sing sesuke Jum'at Kliwon. Marga saka iku ana sesebutan Malam Jum'at Kliwon, Malam Selasa Kliwon nganti tekan Malam Minggu sing tegese Setu bengi.



Jenenge Dina Internasional
1. Senen = Soma, Rembulan
2. Selasa = Anggara, Agni
3. Rebo = Buddha, Bumi
4. Kemis = Respati, Wrahaspati, Thathit
5. Jum'at = Sukra, Udan 
6. Setu = Tumpak, Bayu, Angin
7. Minggu = Dhite, Radhite, Surya



Jenenge Wuku 
// Sak wuku suwene pitung dina.

// Cacahe wuku ana telung-puluh.
  1. Sinta
  2. Landhep
  3. Wukir
  4. Kuranthil
  5. Tolu
  6. Gumbreg
  7. Warig Alit
  8. Warig Agung
  9. Julung Wangi
  10. Sungsang
  11. Galungan
  12. Kuningan
  13. Langkir
  14. Mandhasiya
  15. Julung Pujud
  16. Pahang
  17. Kuru welut
  18. Marakeh
  19. Tambir
  20. Madhangkungan
  21. Maktal
  22. Wuye
  23. Manahíl
  24. Prang Bakat
  25. Bala
  26. Wugu
  27. Wayang
  28. Kulawu
  29. Dhukut
  30. Watu Gunung.



Jenenge Sasi
// Cacahe sasi ana rolas

1. Sura                 30 dina
2. Sapar               29 dina
3. Mulud              30 dina
4. Bakda Mulut    29 dina
5. Jumadilawal     30 dina
6. Jumadilakir       29 dina
7. Rejeb              30 dina
8. Ruwah             29 dina
9. Pasa                30 dina
10. Syawal          29 dina
11. Dulkaidah      30 dina
12. Besar            29 dina ( kabisat , 30 dina)



Cathetan : 
1. Setahun jawa suwene 354 dina.
2. Kalendher jawa uga ana taun kabisat sing umure 355 dina.
3. Sejatine sasi Besar umure 29.5xx dina.
4. Sisa 0.5xx dina mau diklumpukake, ditambahake ing sasi Besar ing taun kabisat. Dadi sasi Besar Kabisat umure 30 dina.
5. Ing wektu 30 tahun cacahe tahun kabisat ana 11.


Jenenge Taun
1. Alip
2. Ehe
3. Jimawal
4. Je
5. Dal
6. Be
7. Wawu
8. Jimakir


Jenenge Windu
Periode wolung tahun nduwur mau diarani sewindu. Dene jenenge windu :
1. Adi
2. Kunthara
3. Sangara
4. Sancaya

Wektu artikel iki ditulis, tanggal 20 Desember 2009.
Dina Internasional : Minggu
Dina Jawa (awan) : Pahing
Tanggal Jawa : 03
Wuku : Maktal
Sasi : Suro
Tahun : 1943 Dal
Windu : Adi

Nanging marga artikel iki ditulis jam 10 bengi, sajatine dinane wis Senen Pon.

Mangga dipirsani penanggalan sasi Desember 2009 ( dak suwun ngampil saka situse Ki Demang Sokowaten).


3 komentar:

nnersomachen mengatakan...

durung ana jeneng wuku mas

Phoellzt mengatakan...

Dinten Jawi menika langkung umum dipun sebat "pasaran", pramila 5 dinten pun wastani "sepasar"
Mboten wonten tiyang ngendikan " iki dinane pon", nanging "iki pasarane pon"...ingkang pun wastani dinten nggih tetep " ahad/nga at/minggu - senen - selasa - rebo - kemis - jemuwah - setu "

Phoellzt mengatakan...

Jane ngoten menawi tahun Jawa napa wonten tahun kabisat ta ?? Wong tahun Jawa menika tahun mbulan, lampahe mbulan menika 29,5 dinten saben wulane dados menawi didamel petangan 29-30 selang seling saben wulane nggih pas, dados setahun umure pas 354 dinten, beten kaliyan tahun masehi amargi kapetang saking lampahe surya jare setahun 365 1/4 dina. Nggih amargi wonten 1/4 mnika ingkang ndadosakake wontene tahun kabisat ingkang dijangkepake 4 tahun sepindah

Posting Komentar

Mangga paring komentar :