blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Sabtu, 05 Desember 2009

Urun rembug sithik : ngenani Ngoko lan Krama

Atur Pambuka :

Cathetan sapala iki mung nglumpukake apa sing wis tau diwulangake utamane dening rama-ibuku nalika isih bocah,  wektu ing pasinaon basa-jawa nalika sinau ing sekolah-dasar lan sekolah-menengah-pertama. Mesthi wae aku uga nampa piwulangan sing paling efektip, yaiku saka masyarakat - nalika migunakake basa-jawa.  Tambahan pasinaon uga saka buku-buku, layang kabar lan kalawarti (majalah) basa-jawa / kabudayan jawa sing dak waca. Dadi cathetan iki ora sistimatik lan pancen ora nduwe bobot akademik babar pisan, marga aku pancen ora tau ngerti piwulangan ngelmu basa-jawa formal. Nuwun sewu yen ana sisip-sembire lan sing ora pas.



Undha-usuking Tembung 

1. Ngoko
2. a. Krama
    b. Krama Madya
    c. Krama Ndesa
    d. Krama Dialektik (beda nggon beda tembunge ) 
3. Krama Inggil ( klebu krama Andhap )

Ana sing nganggep nomer 2.a digolongake krama-baku dene nomer 2.b, 2.c lan 2.d digolongake krama ora-baku. Aku dhewe ora pati sreg marang pamilah iku, marga iki urusan subyektifitas. Sapa sing isa mbakokake subyektifitas ? Uga pamilah krama-ndesa. Aku ya ora sreg, marga iki uga soal persepsi, soal subyektifitas, soal tradisi. Panganggepku 2.c lan 2.d iku varian-e krama-madya. Dadi 2.b, 2.c lan 2.d tak anggep golongane krama madya. Ning piye maneh wong wis umum digolongake mangkono lan mbok menawa iku pamilah sing akademik. Kanggoku ora dadi masalah, wong ora penting banget,  iki anggepanku sing non-akademik, anggepane wong awam.



Kanyatan ( fakta ) :

  1. Meh saperangan gedhe wong jawa wektu sepisan ajar ngomong basa-jawa, mesthine diwiwiti nganggo basa ngoko. Mbuh yen priyayi kraton.
  2. Basa ngoko mesthi wae paling okeh dhewe digunakake, marga pancen sifate luwih egaliter, sedrajat (setara),  ora nganggo undha-usuk (tingkat, jenjang) barang.
  3. Ora kabeh tembung ngoko ana tembung-kramane. Nanging kosok-baline, kabeh tembung krama mesthi ana tembung ngokone. 
  4. Marga saka iku cacahing tembung ngoko mesthine pancen luwih okeh katimbang tembung krama. Tembung ngoko iku cacahe ewon, dene tembung krama utamane krama inggil, cacahe mung atusan wae.
  5. Sebageyan tembung krama-madya, krama-ndesa lan krama-dialektik cacahe luwih okeh katimbang krama-inggil  marga sifate dialektik lan subyektif  'kedaerahan'. Sabeh dhaerah duwe pathokan lan ukuran (standard kepantasan) dhewe-dhewe.
  6. Tembung ngoko iku menangan lan kuwasa.  Pathokane gampang wae, yen tembung ngoko pancen ora ana krama-ne, ya tembung iku sing dadi tembung-krama lan krama-inggil-e. Uenak ta ?
Marga saka iku miturut panemuku yen arep gawe kamus undha-usuking tembung, sing sepisanan kudu di-dokumentasi ya tembung ngoko lan krama-madyane dhisik, kalebu krama-ndesa lan krama-dialektik. Yen wis ana tembung-tembung mau mesthi gampang digoleki tembung krama-ne. Lha mengko sing rada angel milahake endi sing krama lan endi sing krama inggil.  Miturut panemuku ya mung sing wis tau nganggo tembung-tembung mau kanthi bener sing bisa ngrasakake lan ngerteni endi sing krama endi sing krama-inggil. Njur piye iki ? Wangsulane : enggal di-dokumentasi mumpung isih okeh sing ngerti.


Titikan (indikasi) Tembung Ngoko.

Gampang-gampang angel. Ora kabeh ana titikan sing baku apa maneh sing sistematik. Ana sing gawe ancer-ancer mengkene : "tembung sing nganggo ater-ater ( awalan ) DI- lan / utawa duwe panambang ( akhiran ) -E, -NE, -KE, -AKE, -MU, -KU  umume tembung mau tembung-ngoko."   Nanging merga ancer-ancer iki ora konsisten, dadi ya ora kena dianggo. Basa iku bab rasa, bab persepsi, bab subyektifitas sing kabeh mau sipate kualitatip. Dadi ya ora sah digoleki rumus matematike.

Upamane kaya ngene :
  • dhapur-mu : iki tembung ngoko. Yen diucapake 'dhapur penjenengan' iki tegese sing ngendika lagi gojegan.
  • di-silih-ake : iki tembung ngoko. Yen 'dipun-silih-aken' tegese sing ngendika durung genep jawa-ne.
  • rikma-mu, di-leres-ake, kersa-ne, di-paring-ake : iki conto campuran ngoko lan krama-inggil. Mbuh benere piye (secara akademik) ning campuran iki umum sinebut tembung antya-basa utawa jangkepe ngoko antya-basa. [ antya, bs-kawi, tegese : turah-turah, keluwihen, keluwih-luwih, berlebihan, over, lebay. Antya-basa : bahasa yang berlebihan. ( jawakna dhewe ya !) ]
Hla njur pripun niki Mbah kok angil men ?   Lha ya iki, padha karo milahake krama lan krama-inggil, mumpung isih okeh sing padha ngerti ayo ndang di-dokumentasi.


( Nuwun sewu, leren dhisik .... mangke dipunsambet malih nggih. )


5 komentar:

Phoellzt mengatakan...

Nuwun sewu, ndherek matur sekedhik..., saking seserepan kula...perangan basa jawa menika kok kados ngaten
1. Basa jawa kasar
2. Basa jawa ngoko kaperang dadi
a. Ngoko lugu
b. ngoko antya ( tengahan )
c. ngoko alus
3. Basa krama, kaperang dadi
a. krama ndesa ( mboten baku )
b. mudha krama
c. kramantara
d. madya krama ( wredha krama )
4. krama inggil
5. Basa kraton ( krama kedhaton )

dados madya menika perangan/bagian saking krama. Ugi mboten wonten basa krama andhap menika. pramila kula radi bingung ugi nalika ndherek ngisi tabel basa ngoko/krama/krama inggil. kok madya kaliyan karama dibedakake..
nyuwun sewu, mbok bilih sampun keladuk wani..menika namung saking seserepan kula, mbok bilih tasih kurang leres ugi...,nuwun..

Oom Yon mengatakan...

Mas Phoenk, sepindah malih kula mboten mangertos saking 'sisi akademis' - dados menika pandangan praktis awam.

Leres, yen dipun pecah NGOKO nggih dados kathah sanget, dados ngambra-ambra. Nangin tiyang wicantenan ing praktekipun rak mboten njlimet ngaten ta. Pamilah rinci ngaten menika rak ngelmu basa. Dados ing praktekipun, gampilipun sedaya ngoko dipun gabung kemawon. Lha mangke yen sampun kempal kathah, ingkang ngersakaken milah malih njih malah sae sanget.

Lha inggih leres mas: krama-madya menika bageyan saking KRAMA. Kula nggih remen ngaten, namung wonten ingkang nganggep K/M menika klebet krama ora-baku. Dados ( sak wetawis ) dipun pisahaken.

Krama andhap menika wonten, bageyan saking krama inggil. Namung sekedhik sanget, mbok menawi mboten ngantos 50 tembung.
K/A = K/I kagem ingkang langkung kinurmat. Conto :
K/I : ndangu -> K/A : nyuwun priksa
K/I : paring -> K/A : caos, ngaturi
K/I : ngendika -> K/A : matur

Njih margi alasan menika, mboten kula bentenaken K/A saking K/I. Namung mangke dipun paringi cathetan kemawon.
---
Mas Phoenk lan para sadherek, inti spirit aktifitas / proyek kamus ngoko-krama menika : dokumentasi-kan secepatnya mumpung masih banyak yang ingat. Sedasa ngantos 25 tahun mengajeng, generasi sepuh ingkang taksih saged kita suwuni informasi mbok menawi sampun mboten-wonten.

Matur nuwun Mas Phoenk.

Phoellzt mengatakan...

matur nuwun ugi sak konduripun Pak Yon,
kagem tambahan sekedhik, menawi pun pirsani saking perangan "praktis", malah langkung sae menawi kaperang dados 3 mawon, ngoko / kama / krama inggil (awit madya kalebet perangan krama), menawi wonten tembung ingkang langkung saking setunggal cacahipun, pun anggep mawon menika dasanama (sinonim/persamaan arti kata), mbok bilih langkung praktis. nuwun...

Oom Yon mengatakan...

Mas Phoenk, nggih saged mekaten. Sakawit njih kula damel namung tiga. Kula sumanggakaken ugi dhumateng para kadang ingkang badhe kontribusi.

Utawi ngaten, margi krama menika yen miturut formal-akademisipun ('kula janipun nggih mboten patos sreg wonten pamilah menika') kaperang kalih golongan ageng : "krama baku" tuwin "krama ora-baku" (=madya, ndesa, dialektik)- dipun damel tetep kalih kolom KRAMA ORA-BAKU tuwin KRAMA-BAKU. Dene mangke manawi ragu2, nggih dipun lebetakan wonten KRAMA-BAKU kemawon.

Menika tahap awalipun, targetipun dokumentasi sak enggal-enggalipun. Dene mangke yen sampun stabil, dipun taliti malih yen kedah dipun pisahaken.

Mangga para sedherek, kula aturi paring dhawuh. Matur nuwun.

eduardo mengatakan...

Aku menehi saran https://www.penpaland.com
Android:http://app.appsgeyser.com/Penpaland

Posting Komentar

Mangga paring komentar :