blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Kamis, 12 November 2009

Gambuh

wulangreh (pupuh katiga, padha 5-10)


si kidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.

iku upamanipun,
aja ngendelaken sira iku,
murang tata iya sapa kumawani,
iku ambeke wong digung,
ing wasana dadi asor.

ambek digang puniku,
angongasaken... kasuranipun,
para tantang candala anyenyampahi,
tinemenan boya purun,
satemah dadi geguyon.

ing wong urip puniku,
aja nganggo ambek kang tetelu,
anganggowa rereh ririh ngati-ati,
den kawang-kawang barang laku,
den waskitha solahing wong

dening tetelu iku,
si kidang suka ing panitipun,
pan si gajah alena patinireki,
si ula ing patinipun,
ngendelken upase mandos.

tetelu nora patut,
yen tiniru mapan dadi luput,
titikane wong anom kurang wewadi,
bungah akeh wong kang nggunggung,
wekasane kajalomprong.




(matur nuwun kagem mas Harmiel M. Soekardjo)



Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Mangga paring komentar :