blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Rabu, 04 November 2009

geguritanku


rungokna sun nggegurit


rungokna sun nggegurit
nembangke swara ati kang rinujit
kang nandhang lara amarga
trisna kang suci wis ninggalna

perih kang rinasa
lir kadya mala
kang siniram banyu rasa

rungokna sun nggegurit
nembangke swara ati kang sinebit
kang ngresula lan nelangsa
kelangan tresna kanthi muspra

sungkawa kang rinasa
ora gampang bisa sirna
tansah katon ngegla nglegena

duh.. trisna..
ya ngapa kowe teka
yen ta amung gawe gela
lan kuciwa

rungokna sun nggegurit
nembangke swara ati kang rinujit
kang sumyur pinara sasra
ngugemi prasetya kang cinidra


 

6 komentar:

harmiel soekardjo mengatakan...

yen hurufe dadi kaya ngene iki sababe apa, ya?

Oom Yon mengatakan...

Sip tenan.
Tambah ben ndina ya mas Phoenk.

henri w mengatakan...

lagi nandhang kuciwa mas...

Oom Yon mengatakan...

Mas HMS,
- Format default bisa di-reset ( kanan atas toolbar wonten tab clear format ).

- Ageng alitipun font ugi saged dipun pilih mawi fontsize : smallest, small, normat, bigger, biggest.

- werni karakter, werni latar, miring ugi saged .

Sedaya wonten ing toolbar.

Dene yen ngersakake underline, kedah mlebet html editoripun, margi mboten cumawis ing toolbar.

Oom Yon mengatakan...

angger aja ditambahi :
dak lakoni nyabrang bengawan pesing.

Phoellzt mengatakan...

namung ngandaharake krenteg e ati.

Posting Komentar

Mangga paring komentar :