blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Sabtu, 07 November 2009

Kawruh sepala - Wangsalan

Wangsalan


Wangsalan iku unèn-unèn cangkriman kang awujud têmbung utåwå ukårå cêkak kang kudu dibatang / dipêthèk têgêsé kanggo nêmtokakè têmbung ing pèrangan ukårå utåwå ukårå sabanjurè kang mådhå swårå karo batangané
Wangsalan ånå kang awujud ukårå sêlarik, ånå kang wujudé kåyå parikan, dadi dipadhakké guru swåråné, kang biasané digunakaké ånå ing têmbang.

Tuladhané wangsalan låmbå

sarung jagung , aboté ketaman wuyung
          (sarung jagung = klobot)
njanur gunung , kadingarén rawuhipun
          (njanur gunung = kadi , arén)
saron bumbung, cêngklungen nggonku nganti
          (saron bumbung = angkung)
Mangga mas, nyetasiun ngawi nggih, paron
          (stasiun ngawi = stasiun Paron)
mbalung pakél, aja mung bisa alok
          (mbalung pakel = pêlok)
Jênang gulå kowe åjå lali.
          (jênang gulå = glali).
Ngembang garut nggrêmêng ora karuwan
          (kêmbang garut = grêmêng),
Mbok mbalung janúr, paring usådå nggonku nandhang wuyung
          (balung janur = sådå).
Ngêmbang kacang, kok mbêsêngut waé.
          (kêmbang kacang = bêsêngut).
Sêkar arèn mas, sampún dangu kok botên kêpanggih
          (sêkar arèn = dangu).
Kêmbang jambu, kêmaruk duwé jabatan.
          (kêmbang jambu = karuk).
Roning mlinjo, yen sayah padha ngaso.
          (roníng mlinjo = so).
Klåpå mudhå, legan ana brantanira
          (klåpå mudhå = degan)


Tulådhå Wangsalan ing Parikan

Witing klåpå jawåtå ing ngarcåpådå.
Saluguné wong mudhå gelem rekåså.
          (witing klåpå = glugu; jawåtå ing ngarcåpådå = wong) .

Kolik priyå priyagung anjani putrå.
Tuhu éman, wóng anom wêdi kangèlan.
          (kolik priyå = manuk tuhu; anjani putrå = Anoman)

Bayêm ardå, ardané ngrasuk busånå,
mari antêng besusé såyå katårå
          (bayem ardå = latêng; ardané ngrasuk busånå = bêsus)

Sayèng kågå, kågå kresnå mångså såwå,
wong susilå lagaké anuju prånå.
          (sayèng kågå = kålå; kågå krêsnå mångså såwå = manuk gagak)

Jênang sélå, wadêr kali sesondéran
apuranta mring sêdåyå kalepatan
          (jênang sélå = kapur; wadêr kali sêsondéran = sêpat )

Pêtis manis, sarpå langking saupåmå
Aja ngucap yèn tå amung samudånå
          (pêtis manis = kécap; sarpå langking = ulå dêmung)

Tulådhå Wangsalan énggal

Wah sepet aku ndeleng komentator politik nang tivi
Mung dha mresiden amerika !
          (nggedebus, george bush).
Ah, Presiden Rusia, gur bacot!
          (gur bacot, Gorbachev)


(matur nuwun pak JBD mas Josef B. Dwiyono saha Mas KKB,)

2 komentar:

Oom Yon mengatakan...

Wah apik Mas Phoenk !
Contone Mas Phoenk kuwi Wangsalan Klasik sing asring digunakake nggon tembang.
Saiki yen kersa mirengake utawa nyathet, uga okeh wangsalan kontemporer sing lucu-lucu lan kreatip. Kaya ta :
- wah sepet aku ndeleng komentator politik nang tivi, mung dha mresiden amerika ! ( nggedebus, george bush ).
- utawa : ah, presiden rusia, gur bacot! (gur bacot, gorbachev)

n/b : mas, labele mbok ditambahi 'wangalan' ben gampang 'ko yen nglacak.

Phoellzt mengatakan...

Matur nuwun Pak Yon, nggih sanes wekdal saget pun tambahke

Posting Komentar

Mangga paring komentar :