kanggo sliramu dhiajeng..
dhiajeng...
sumilir angin wengi..
nggugah rasa asmara ing ati
rasa kang ngrembaka suci
kanggo sliramu
dhiajeng..
kekesing hawa wengi..
ngusik keprananing rasa iki.
rasa kang gumolong siji
kanggo sliramu..
dhiajeng..
nyedhak a rene..
galo kae .. rembulane gedhe
jare simbah , mendah... ayune
yen kanggoku sing paling ayu
ya amung iki , nora ana liya
siji iki..ya dhiajengku..
dhiajeng..
nyedhak a rene..
galo kae.. rembulane gedhe
jare sumunar cahyane
yen kanggoku sing paling endah
ya mung tresnaku iki
tresna kang siji..
kanggo sliramu..
dhiajeng...
blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.
Kamis, 05 November 2009
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
2 komentar:
Kangmas, geguritan meniko kok kados tembang ingkang sampun dangu kulo padosi, namung dereng pikantuk. Menapa sekestu menika tembang, judul tuwin waranggananipun sinten enggih ? matur nuwun Kangmas.
mbok menawi memper mawon nggih.. wong kula nggih angger nulis je.., saget ugi mergi kula nate mireng lajeng kabeta wonten pangenget kula.., nggih nyuwun sewu apunten
Posting Komentar
Mangga paring komentar :