blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Minggu, 15 November 2009

Kawruh Sêpålå - Kéråtå båså

Kéråtå båså



Kéråtå båså utåwå jarwå dhosok, yakuwi cårå njrawakaké utåwå nêgêsaké têmbung kanthi di othak – athik ( digothak-gathukaké) supåyå mathuk. Dadi dudu / ora têgêsé sing sak bênêré.

Tulådhå Kéråtå båså:

Bapak
bab apa-apa pêpak (pêpak kawruh lan pêngalaman)
Batur
êmbat-êmbataning tutur
Bocah
kåyå kêbo, pikiré durung pêcah
Brêkat
mak brêg diangkat
Butå
kalbuné ora ditåtå
Cangkir
nyancang pikir
Cêngkir
kêncênging pikir
Copèt
ngaco karo mèpèt
Dênåwå
ngêdên håwå (nguja håwå napsu)
Désèmbêr
gédhé-gédhéné sumbêr
Ndêlalah
nggondèl marang Allah
Garwå
sigaraning nyåwå
Gêdhang
digêgêt lêbar madhang
Gêlas
yèn tugêl ora bisa di las
Gêmati
diugêmi ngati - ati
Gêthuk
yèn digêgêt karo manthuk-manthuk
Gêrang
sêgêré wis arang
Guru
digugu lan ditiru
Gusti
bagusing ati
Kaji
tékadé wis nyawiji
Kathok
diangkat sithok-sithok
Kodhok
tèkå-tèkå ndhodhok
Kutang
sikuté diutang
Krikil
kèri ing sikil
Kuping
kaku njêpiping
Kupluk
kaku tur nyêmpluk
Kursi
yèn diungkurake banjur isi
Ludruk
guluné géla-gélo, sikilé gêdrag-gêdrug
Maling
njupuk amalé wong sing ora éling
Pêrawan
yèn pêpara (lêlungan) wayah awan
Piring
sêpiné yèn miring
Pistå
tipis ning råtå
Ruji
diwiru siji-siji
Saru
kasar tur klèru
Sêkutèr
sambi sêdhêku mlaku bantêr
Sêpuh
sabdané ampuh
Sêpur
asêpé måtu ndhuwur
Simah
isining omah
Sirah
isining rah
Siti
isi bulu bêkti
Sopir
yèn ngaso mampir (ing warung)
Sruwal
saru yèn nganti uwal
Tandur
nåtå karo mundur
Tåpå
tatane kåyå wong påpå
Tarub
ditåtå supaya murub (asri)
Tayub
ditåtå supaya guyub
Têbu
antêbing kalbu
Tépas
titip napas
Tuwå
ngêntèni metuné nyåwå
Wanitå
wani ing tåtå
Wêtêng
ruwêt tur pêtêng

Sing kudu digatèkaké akèh kang klèru mbédakaké antarané Kéråtå Båså kêlawan Têmbung Camboran lan Têmbung Gårbå.

3 komentar:

Oom Yon mengatakan...

Bocah, uga = mangane kaya keBO - gaweyane durung kecaCAH.

Unknown mengatakan...

JImat-barang siji naging kerumat, Aku-anane merga barang sing kaku, Kuna- jaman aku durung ana.

Anonim mengatakan...

Wedang : Ngawe kadang.

Posting Komentar

Mangga paring komentar :