blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Selasa, 10 November 2009

Gambuh

wulangreh pupuh katiga; padha 1-4



sekar gambuh ping catur,
kang cinatur polah kang kelantur,
tanpa tutur katula-tula katali,
kadaluwarsa katutuh kapatuh
pan dadi awon.

aja nganti kebanjur,
barang polah ingkang nora jujur,
yen kebanjur kojur sayekti tan becik,
becik ngupayaa iku,
pitutur ingkang sayektos.

pitutur bener iku,
sayektine kang iku tiniru,
nadyan melu saking wong sudra papeki,
lamun becik wurukipun,
iku pantes sira anggo.

ana pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang, kidang adigung pinasti,
adiguna ula iku,
telu pisan mati samyo.


(matur nuwun kagem mas Harmiel M. Soekardjo)


5 komentar:

Phoellzt mengatakan...

Nuwun sewu, kados ingkang sampun kula aturaken sak derengipun (wonten FB)
*pan adigang kidang, adigung pun esthi, adiguna ula iku ...lst
* sing nduweni watak adigang kuwi kaya kidang, adigung kuwi gajah, adiguna kuwi ula...
* menika lajeng kajarwak ake wonten ing pada salajengipun.... pramila langkung sae bilih pun tambahi pada sak lajengipun , kersanipun saged sinambung.., nuwun..

Oom Yon mengatakan...

Guru wilangan utawa cacahing-wanda (=suku-kata) lan guru-lagu (vokal pungkasan) sekar gambuh iku : 7-U, 10-U, 8-I, 8-U, 8-O
---
Dadi pupuh sepisan gatra pungkasan durung lengkap sebab mung limang wanda.
---
Coba dipirsani ing ngisor iki :

/Se/kar/gam/buh/ping/ca/tur/ = 7-U
/Kang/ci/na/tur/Po/lah/kang/ka/lan/tur/ = 10U
/Tan/pa/tu/tur/ka/tu/la/tu/la/ka/ta/li/ = 12-I
/Ka/da/lu/war/sa/ka/tu/tur/ = 8-U
/Ka/tu/tuh/pan/da/di/a/won/ = 8-O

---

Nuwun.

Phoellzt mengatakan...

Nuwun sewu, sekedhik koreksi komenipun pak Yon, guru wilangan saha guru lagu, gatra ka-3 menika 12i mboten 8i ( salah ketik menika sajakipun)
Semanten ugi bab kurange wanda wonten pupuh sepisan gatra pungkasan. Pengirim kelentu anggenipun medhot ukara/gatra
sak emut/enget kula gatra 3 - 4 menika kok ngaten

ka/da/lu/ar/sa/ka/pa/tuh = 8u
ka/tu/tuh/pan/da/di/a/won = 8o

sumangga...

Phoellzt mengatakan...

Nuwun sewu... klentu malih, mboten gatra 3-4, ananging 4-5 ( ganti aku sing salah ketik .. he .. he ..)

Oom Yon mengatakan...

Inggih, kula salah ketik Mas !
GW/GL Sekar Gambuh : 7-U, 10-U, 12-I, 8-U, 8-O

Bab isining gatra ka-4 tuwin ka-5 panjenengan leres.

Nuwun.

Posting Komentar

Mangga paring komentar :