blog mênikå tuwuh saking kêrsaning para sêdhèrèk saking facebook boso jowo kagêm nguri-uri budåyå jåwå, supados mboten ical katrajang jaman.

Rabu, 30 Desember 2009

Gambuh

wulangreh (pupuh katiga, padha 5-10)


si kidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.

Minggu, 20 Desember 2009

Penanggalan ing Kabudayan Jawa

Jenenge Dina Jawa
// Cacahe dina jawa ana lima.


1. Pon (  Palguna )
2. Wage ( Cemengan, Kresna, Langking )
3. Kliwon  ( Kasih )
4. Legi ( Manis )
5. Paing ( Jenar )

Cathetan : Dina jawa diwiwiti sore udakara Magrib. Iki merga penanggalan jawa iku nganggo pathokan mbulan, sing dianggep metune wayah bengi. Dadi dina Jum'at Kliwon iku diwiwiti Kemis bengi ing penanggalan internasional sing sesuke Jum'at Kliwon. Marga saka iku ana sesebutan Malam Jum'at Kliwon, Malam Selasa Kliwon nganti tekan Malam Minggu sing tegese Setu bengi.



Selasa, 15 Desember 2009

Tetembungan saindenging Beras

Akehing tetembungan saindenging beras udakara ana
patang puluhan, nandhake yen wong jawa kuwi budayane
cedak banget karo beras utawa sega.
Sejene kuwi uga nandhakake yen wong Jawa kuwi "sugih"
ing tetembungan.


ani-ani
tani
pari
ngenèni
panèn
dami
damèn (dami+an)
landha (banyu landha)
gabah
gaga
sawah
ulu-ulu
beras
tutu

Jumat, 11 Desember 2009

Tembang Dolanan


Tembang dolanan kang ngemu surasa lan ngajak supaya bocah-bocah nduweni gegayuhan lan pangangen - angen kang dhuwur. Yen gegayuhan lan pangangene wis kasembadan aja lali marang sapa wae ing kiwa tengene. Nadyan wite rambutan lagi wolu godhonge nanging wis mbayangke yen mbesuke bakal ngrembuyung lan akeh wohe kang bakal dibage - bage marang wong - wong sakiwa tengene.

Senin, 07 Desember 2009

Taling + pasangan PA + Tarung







djk

Minggu, 06 Desember 2009

Kawicaksanan

Nasihat saka mas Harmiel



kawicaksanan kuwi tansah nyedhaki kabecikan, nanging ora gelem rumaket.
kawicaksanan kuwi tansah ngadohi kadurjanan,nanging ora gelem nggethingi.
kawicaksanan kuwi meruhi bedane becik lan alaning tumindak,
lan ngerti banget yen tumindak ala kuwi ora diresepi liyan.
 



kasulih-basakaken saking statusipun pak hudoyo hupudio,
pethikan saking wejanganipun sayadaw u tejaniya).





djk

Sabtu, 05 Desember 2009

Urun rembug sithik : ngenani Ngoko lan Krama

Atur Pambuka :

Cathetan sapala iki mung nglumpukake apa sing wis tau diwulangake utamane dening rama-ibuku nalika isih bocah,  wektu ing pasinaon basa-jawa nalika sinau ing sekolah-dasar lan sekolah-menengah-pertama. Mesthi wae aku uga nampa piwulangan sing paling efektip, yaiku saka masyarakat - nalika migunakake basa-jawa.  Tambahan pasinaon uga saka buku-buku, layang kabar lan kalawarti (majalah) basa-jawa / kabudayan jawa sing dak waca. Dadi cathetan iki ora sistimatik lan pancen ora nduwe bobot akademik babar pisan, marga aku pancen ora tau ngerti piwulangan ngelmu basa-jawa formal. Nuwun sewu yen ana sisip-sembire lan sing ora pas.


Pangkur

Iki salah sawijinging tembang macapat Pangkur kang titilarase wis diganti nganggo not angka ( solmisasi). Mestine ya ora pas banget, nanging kena kanggo pasinaon kang kepengin latihan nembang jawa ( macapat ) nanging ora bisa maca titilaras ( tangga nada jawa ). Bisa dimainke nganggo alat musik moderen. Klik nggon partiture kanggo nggedhekke





Jumat, 04 Desember 2009

Kawruh Sepålå - Têmbung Camboran

Têmbung Camboran

Têmbung Camboran yåkuwi têmbung loro utåwå luwih kang dicêkak dadi siji kanti njupuk pérangané wandå ånå ing sabên têmbung lan ora ngowahi têgêsé têmbung utåwå ukårå kang dicêkak

Tulådhå Têmbung Camboran

bangcúk : abang + pucúk
bangjo : abang + ijo
barbèh : bubar + kabèh
barji : bubar + siji
budhe : ibu + gêdhé
bulík : ibu + cilík

Kamis, 03 Desember 2009

Jinising Tembung

1.Tembung Aran (kata benda)
    y.i: pangan, watu, meja, Supraba
2. Tembung Kriya (kata kerja)
    y.i: mangan, turua.
        a. Kriya Tandhuk (kata kerja aktif)
            y.i: mangan, turu
        b. Kriya Tanggap (kata kerja pasif)
            y.i: dipangan, kethuthuk
3. Tembung Ganti (kata ganti)
    y.i: dheweke, kowe
4. Tembung Wilangan (kata bilangan)
    y.i: siji, loro, lst
5. Tembung Sipat (kata sifat)
    y.i: abang, kaku, lst
6. Tembung Katrangan (kata keterangan)
    y.i: patiya, nemen, banget
7. Tembung Panguwuh (kata seru)
    y.i: aja, ayo
8. Tembung Sandhangan (kata sandang)
    y.i: sang, si
9. Tembung Panyambung (kata sambung)
    y.i: karo, dene, yen
10. Tembung Pangarep (kata depan)
    y.i: neng, saka


(tuntunan saking mas Phoenk Jamandho, mas Harmiel M. Soekardjo)



djk

Rabu, 02 Desember 2009

Lambe setumang kari semerang


Sak tumang kuwi kanggo nggambarake barang sing kandhel.
Ning aku ya ora persis ngerti apa kuwi tumang.
Lambe setumang kari semerang tegese: Saka kandhel nganti tipis, 

olehe ngandhani nganti entek-entekan (nganti lambene tipis) meksa ora digugu.




djk


tembang ngeneng-eneng bocah nangis


tak lela-lela lela ledhung
cup menenga anakku sing ayu
yen nangis ndhak ilang ayune




djk

Selasa, 17 November 2009

Medhot artikel sing dawa.

Kadangkala artikel sing diserat para dulur cukup dawa. Kadangkala yen kedawan rada kurang kepenak, lan ketok rada ngebak-ngebaki kaca ngarep. Nanging ana carane, ya kuwi munggel artikel kareben mung awale wae sing di-tayang-ake. Terus isi artikele bisa diwaos kanthi nge-klik    "Baca selengkapnya >>"    (asline Read more >>).

Gambaran ngisor iki mbok menawa bisa dianggo conto. Pirsanana uga postingku bab logo kawruh jawa.



Dene yen penjenengan ora sreg karo posisi break mau, kari pindah posisi anyar sing dikersakake, terus di-klik maneh "insert jump break" maneh. Aja lali, PUBLISH POST. yen wis lega.

Mangga katuran nyoba !



Minggu, 15 November 2009

Kawruh Sêpålå - Kéråtå båså

Kéråtå båså



Kéråtå båså utåwå jarwå dhosok, yakuwi cårå njrawakaké utåwå nêgêsaké têmbung kanthi di othak – athik ( digothak-gathukaké) supåyå mathuk. Dadi dudu / ora têgêsé sing sak bênêré.

Tulådhå Kéråtå båså:

Bapak
bab apa-apa pêpak (pêpak kawruh lan pêngalaman)
Batur
êmbat-êmbataning tutur

Sabtu, 14 November 2009

sketsa tentative

Klik gambar untuk memperbesar.





Kamis, 12 November 2009

Becak








Becak, saka basa Cina Hokkien: be chia kang ateges "kereta kuda"
Tetumpakan umum rodha 3, kang isine 2. Sopire ana neng mburi.


maturnuwun ade.blogsome.com, image.google.com 



Gambuh

wulangreh (pupuh katiga, padha 5-10)


si kidang umbagipun,
angendelaken kebat lumpatipun,
pan si gajah angendelken gung ainggil,
ula ngendelaken iku,
mandine kalamun nyakot.

Rabu, 11 November 2009

Wuyung


Kagem para kadang ingkang nembe kataman wuyung, mangga katuran tumut rengeng-rengeng langgam yasanipun salah satunggiling empu kesenian jawi, suwargi Bapak Ismanto. Dene Wuyung-ipun dipun uja saktingkah-polahipun manah kemawon.



Selasa, 10 November 2009

Gambuh

wulangreh pupuh katiga; padha 1-4

Raden Saleh



 
                         


Wiyosan wonten Terbaya - Semarang, warsa 1807, Raden Saleh Sjarif Bestaman, putra saking Mas Adjeng Zarip Hoesen.

(matur nuwun dateng mas Herry Djoko Susilo)

Sabtu, 07 November 2009

Duwit Lawas


Duwit lawas mono isih "akeh regane", mula para sepuh kadhang pada sok
kliru kepengin bali neng jama semana. Ning jane duwit lawas iku "regane"
ya mung nggandhol neng duwit gulden (landa).
Sarehne awake dhewe wis pisah karo landa, lan sengaja digawe mlarat
karo landa (malah diapusi) duwite dhewe iki (rupiah) saya suwi saya mudhun.
Nganti ana pecahan satus ewu (100 000) ripis.
Yen pamarentah ora ngati-ati ya sida metu duwit
rong atus ewu (200 000) tenan.


sitheng
setengah sen
sen
sapra satus ripis
benggol
2,5 sen
kelip
5 sen
ketip
10 sen
tali/setali
25 sen
suku/setengah
50 sen




Kawruh sepala - Wangsalan

Wangsalan

Jumat, 06 November 2009

Palindrom


Saking basa Inggris Palindrome, inggih menika tembung utawi ukara kang
nggadahi sifat menawi pun waos saking ngajeng utawi wingking,
ungelipun sami, upaminipun wonten ing basa Indonesia lan basa Inggris:
kasur nababan rusak
madam, I'm adam.


Menika para kanca sami usada pados tembung / ukara ingkang
anggadhahi sifat palindrom, nanging khusus ngangge hanacaraka,
inggih menika:

    råmå mårå
    kathok kothak (sponge bob ?)

    kodhok
    kèrèk
    kirik
    kèlèk
    kopok
    ana-kana
    laku-kula
            (mas Agung Ogh)

    si wani niwasi
    tuman mantu
    lagi rådå ra gilå
    såpå sing påså?
    ronggå sing garong
            (mas Harmiel M. Soekardjo)


Mangga sami paring komentar kaliyan mbokmenawi wonten malih saged pun tambahi.


Matur nuwun


Kamis, 05 November 2009

geguritanku

kanggo sliramu dhiajeng..

Rabu, 04 November 2009

Tembung Saroja

Inggih menika tembung kalih ingkang kagandheng. Tembung kang pungkasan kangge nyangetaken tembung kang wiwitan.

Upaminipun:
ajur-mumur
kerta-raharja
tata-tentrem
adhem-ayem
ijo-royo-royo
ireng-thuntheng
abang-mbranang
putih-memplak
padhang-jingglang
peteng-dhedhet


(matur nuwun kagem mbak Titis Setyawati saha mas Phoenk Jamandho)

geguritanku


rungokna sun nggegurit


rungokna sun nggegurit
nembangke swara ati kang rinujit
kang nandhang lara amarga
trisna kang suci wis ninggalna

Selasa, 03 November 2009

Ménthok - ménthok

Ménthok..ménthok
tak kandhani
mung lakumu
angisin-isini
mbok ya aja ngétok
ana kandhang waé
énak-énak ngorok
ora nyambut gawé
Ménthok-ménthok
mung lakumu
mégal-mégol
gawé guyu

Minggu, 01 November 2009

Urutane Posting ing Blogspot Kroyokan


Kagem para sedulur sing durung biasa nge-blog ing blogspot.com. Iki urutane / langkah-langke kanggo posting artikel anyar, utawa kanggo ngedit postingan lawas. Sak teruse, latihan kang bakal nglanyahake.

Sak wise rawuh ing nnersomachen ( kawruhjawa.blogspot.com )
Urutan sepisan :



Urutan kapindho :

Sakwise sign in kasil panjenengan bakal ketemu DASHBOARD kaya conto ngisor iki :

(contone ngango accountku. )





Urutan kaping telu :

Wiwit ngedit artikel anyar kaya ngisor iki.





Sak teruse panjenengan mesthi bisa dhewe.
Mangga dha enggal posting artikel / seratan panjenengan sedaya.


Ngundhuh Font Hanacaraka


Para sutresna budaya jawa ingkang ngersakaken font aksara jawi :
- font hanacaraka anggitanipun Pak Teguh Budi Sayoga ( http://hanacaraka.fateback.com/ )
- font hanacaraka gaya Surakartan
- font hanaraka saking www.tavultesoft.com

- font kangge nyerat not tembang, KepatihanPro
- penanggalan jawi php script

Saged kaundhuh saking  http://www.bausastra.com/main/?q=download .
Ing mriki ugi wonten bausastra ( kamus / dictionary ) Kawi - Jawa.

Mangga enggal dipun undhuh. Namung klak klik klok kemawon kok.
Nuwun.

Kucingku Telu


Kucingku telu
Kabeh lemu-lemu
Sing siji abang,
Sing loro klawu
Meong-meong
dak pakani lonthong
Kucingku mangan
kancaku ndomblong

(matur nuwun dhumateng Mbilung Bingung Kesurupan)

Sabtu, 31 Oktober 2009

Numpak Sepur


sinten numpak sepur
lunga nyang kedhiri
wong iki sepur dhur
bayare setali

sinten trima nggonceng
konangan kondektur
yen di dhendha seceng
napa mboten kojur

( Kintunanipun ibu Enysully B'young's Pramest )


5151231 .
123523.
5231615.
561261.

Jumat, 30 Oktober 2009

Pitik cilik


Aku duwè pitik cilik
Wulunè blirik
Cucuk kuning jénggér abang
Tarung mesthi menang
Såpå wani karo aku
Mungsuh pitikku


(matur nuwun dumateng mas Harmiel M. Soekarjo)
lagu pop taun 1960-an

51. 53. 51. 35..
667 21..
11
. 64. 65. 31..
11. 64. 65..
11. 64. 65. 31..
667 21
..


ilir ilir


Lir-ilir, lir-ilir
Tandurè wis sumilir
Wis ijo royo-royo
Tak sengguh penganten anyar

Cah angon, cah angon,
Pénéknå blimbing kuwi
Lunyu-lunyu peneknå
Kanggo mbasuh dodotirå

Dodotirå, dodotirå,
Kumitir bedhah ing pinggir
Dondomånå, jlumatånå,
Kanggo sèbå mengko sorè

Mumpung jembar kalanganè
Mumpung padhang rembulanè
Surak-å surak
Hosèèè ...


(matur nuwun dumateng mas Harmiel M. Soekarjo)

Kinanthi

(wulangreh, pupuh 2 kinanthi)


Mulané wong anom iku,
bêcik ingkang tabêri,
jêjagongan lan wong tuwa,
ingkang sugih kojah ugi,
kojah iku warnå-warnå,
ånå ålå lan bêcik.

Ingkang bêcik kojah iku,
sirå anggawå kang pasti,
ingkang ålå singgahnå,
åjå sirå anglakoni,
lan den-awas wong akojah,
iyå ing måså puniki.



(matur nuwun dumateng den mas Harmiel M. Soekardjo)